Sronto & SPG Asoy Geboy

|


Sore-sore onok cewek SPG teko nawakno panci nang omahe Sronto.

"Kulo nuwun. " jare cewek iku ambek nyepot sandal.

"Oo monggo, monggo pinarak. "jare Sronto.

"Nuwun sewu pak, Simbok wonten Pak ?" takok ceweke.

"Waduh bojoku gak ndhik omah ndhuk " jare Sronto.

"Yen ngoten, kulo ngerantos mawon " jare ceweke maneh.

"Lho monggo. Anggepen koyok omah dhewe ndhuk " jare Sronto ambek ngejak
cewek iku mau mlebu ruang tamu.

Mari ngono tamune ditinggal ngetren dhoro.
Pas Sronto mulih, tibake cewek iku sing lungguh nang ruang tamu.
Ketokane cewek iku wis kuesel ngenteni kudhu ngamuk ae.

"Simbok teng pundhi to Pak ?" takok cewek SPG iku.

"Bojoku lungo nang kuburan ndhuk" jare Sronto.

"Jam pinten mangke kondure ?" takok cewek iku maneh.

"Waduh gak weruh aku ndhuk. Wis onok limolas taun durung tau mulih "

0 komentar: