Chaxil Vs Oenta dalam episode: Mbah Oenta ga sudi Gaptek

|


Pasti sudah nunggu kan?? Cerita Pak Dhalang berikutnya: Nah kali ini pak Dhalang hadir lebih pagi.... Sumonggo diwaos:

Naliko ono program internet mblusuk ndeso, Mbah Oenta tertarik karo
omonge mantri telpon; jare komputer kuwi alat canggih, mesin pinter,
iso mikir dewe…
Mulo gak kakehan mikir, dino iku motore sing nembe dicicil telung
sasi, sekolah nang nggadhean swasta..
deweke terus bablas nang pasar kawak arep tuku komputer (mosok ono
toko kumputer nang pasar kawak).
“Halah… ra sah kursus-kursusan. .. wong mesin pinter ae kok.. mesthi
isoh lah carane nglakokne”, ngono pikirane.
Akhire komputer pentium lengkap sak printere wis tekan omahe.
Mbah Oenta iku masiyo ndak ngerti tapi kemlinthi lan gedhe gengsine…
mulo sungkan nek arep njaluk ajar uwong…
“ndak dikira goblog” (padahal yo gak ngerti tenan)…
komputer dipasang dewe.
Mergo wis tau mbantu Pak Lurah masang komputer nang kelurahan,
mulo nek mung carane ngecopne lan nyambung-nyambunge kabel yo gak
masalah…
Nanging nalika diuripne…
komputere ono tulisane “printer not found”.
Weruh tulisan ngono mau..
Mbah Oenta gak kurang akal, Boyo Subajul ponakane sing sekolah Pentara
diceluk..
“Boy Margeboy (undangan koplake Boyo).. deloken komputerku, iki mau nembe tuku… iki mesin pinter…
nek kowe cah pinter mesthi ngerti artine tulisan iku?’ kandhane Mbah Oenta apen-apen nge-test..
“Gampang… printere mboten kepanggih leres mboten Lik” jawab Boyo
“Sembarangan. .. iki mesin printer ya jelas salah”, jawabe Mbah Oenta.
Tapi batine ragu-ragu,
“Engko gek kuwi bener, tapi gak mungkin nek mesin sak mono gedhene
gak eruh.. eh gek aku diapusi karo Cak Chaxil Kecungkil sakjane iki mesin
guuuooblog.. .”, Mbah Oenta duwe pikiran nek diapusi karo sing dodol..
“Cak… riko ojo ngapusi yo… wong komputer goblog kok diomongne
pinter, mosok printer gedhene sak mene kok gak iso nemokne ki piye”,
Mbah Oenta protes.
“Ora nemu piye”
“Lha iki tulisan .. printer not pond iki”
“Owalah kang Oenta… kuwi dudu komputere sing goblok tapi durung lengkap syarate maksude isik butuh driver..”
„Maksude butuh sopir ngono.. lha ku aku iki rak ya wis siap nyetir
komputer ta”
„Tunggu ae.. engko tukangku tak kon mrono.”
Mumpung isik nyambung karo Cak Chaxil… Mbah Oenta kepingin takon sisan.
Sing mendorong dekne nekat tuku komputer iku sakjane merga kepingin
iso ndelok gambar wong wedok mliding, wis kepingin arep ngobrol karo
tanggane Hadiit Maridith sing saiki nang Japan, kepingin ngirim duwik lan
mbayar tagihan listrik.
“Cak, nek aku arep ngirim kabar nyang ponakanku sing nang Hongkong piye?”
“Kowe kudu ngerti alamate”
“Wis tak tulis lengkap alamate kok, malah tak lengkapi si Kopat-Kapit ponakane
Mbah Oenta, asline Sumber Seneng, nang Hongkong tahun 2005
dikirim biro jasa PT. Antar Jembus .. lsp tapi kok gak ketemu karo
bocahe yaaa..”
“Mosok alamate ngono… Nek gak ngerti persise sampeyan bisa lacak
soko ipene”
“Ipe sing endi… wong bocahe iki isik bujangan ya mesthi durung nduwe
dulur ipe ta..”

“uweswswswsssw, halah. Wis kang.. komputermu paken meneh kirim balik mrene, duwekmu tak
balekno, montormu tebusen meneh”

NB: Cerita ini hanya piktip bloko.. yen ana sing padha jeneng lan panggonan ... kuwi nggur bejo thok.... (Berguru dari Mbah Kanyut)

0 komentar: