Balada Kang Chaxil VS Mbah Oenta Seri siji

|


Mbah Oenta karo Kang Chaxil iki ancen konco akrab awit isih podo2 umbelen. Bocah loro iki iso akrab mergo podo2 antike, rodo ndlahom, senengane ngayal sing ora-ora lan nek saingan ora gelem kalah. Ing sakwijining dino, isuk2 bocah loro mau ketemu lan ngobrol masalah ngimpi ndek bengi.

Mbah Oenta: “ngerti ora kowe, ndek bengi aku ngimpi nonton pilem, uapiik tuenann. Onok adegan panas lo.. huebaat pokok e.

Kang Chaxil: “opo kuwi adegan panas? Dolanan kompor?”

Mbah Oenta: “Wo dasar wong ndeso! Maksude adegan panas kui adegan sing syur syur.. ono sing udoh-udoh...” jare Mbah Oenta karo ngguyu ngece...


Kang Chaxil mangkel diunekke ndeso, lha wong Mbah Oenta ki yo podo ndesone. Kang Chaxil ora gelem kalah: “Woo, isih apik ngimpiku.. ngerti ora, ujug-ujug Julia Peres nyedaki aku, nganggo rok mini, njuk lungguh neng jejerku trus ngrangkul aku...”

Mbah Oenta: “Wuaah... !” batine Mbah Oenta rodo iri, mergo durung tau de'e ngimpi ketemu artis ayu.

Kang Chaxil: “Bar kui, ujug-ujug teko Aura Kasih, mung nganggo bikini, langsung njaluk dipangku...”

Mbah Oenta langsung ngeces-ngeces lambene, njuk ngomong karo rodo nesu: “Kowe uriiik! Onok artis ayu 2 kok aku ora diajak?”

Kang Chaxil; “Jane aku wis telpon mbokmu, jare mbokmu, kowe lagi nonton bioskop...”


To be continued......

(Mengingat rivalitas antara kang Chaxil dan Mbah Oenta yang menjadi-jadi, maka akan diabadikan dalam cerita-cerita yang menarik dan inspiratif. Seperti Cerita ini yang diadopsi dari mbah Kanyut.)

0 komentar: